Recent News

About this blog

Welcome to my blog

Propinsi Jawa Tengah

Jawa Tengah kuwe salah siji propinsi Indonesia sing panggonane ana nang bagian tengah Pulau Jawa. Propinsi iki jejeran karo Propinsi Jawa Barat nang sisi kulon, Samudra Hindia lan Daerah Istimewa Yogyakarta nang sisi kidul, Jawa Timur nang sisi wetan, lan Laut Jawa nang sisi lor. Luas wilayahe 32.548 km², atawa sekitar 25,04% sekang luase pulau Jawa. Propinsi Jawa Tengah uga meliputi Pulau Nusakambangan nang sisi kidul (dekat karo perbatasan Jawa Barat), lan Kepulauan Karimun Jawa nang Laut Jawa.
Pengertian Jawa Tengah secara geografis lan budaya kadang uga mencakup wilayah Daerah Istimewa Yogyakarta. Jawa Tengah kuwe kondang dadi "jantung" budaya Jawa. Nang propinsi kiye ana suku bangsa liyane sing nduwe budaya sing sejen karo suku Jawa kaya suku Sunda nang daerah perbatasan Jawa Barat. Seliyane kuwe ana warga Tionghoa-Indonesia, Arab-Indonesia lan India-Indonesia sing kesebar nang propinsi kiye.

0 komentar:

Posting Komentar

Popular Posts